Kamis, 02 Agustus 2007

Mengawali Tahun Ajaran Baru

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ
لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَقُوا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ.
أَمَّابَعْدُ؛

Qolallhohu Ta’ala fil Qur’anil adzim :
$pkš‰r'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#þqãZtB#uä #sŒÎ) Ÿ@ŠÏ% öNä3s9 (#qßs¡¡xÿs? †Îû ħÎ=»yfyJø9$# (#qßs¡øù$$sù Ëx¡øÿtƒ ª!$# öNä3s9 ( #sŒÎ)ur Ÿ@ŠÏ% (#râ“à±S$# (#râ“à±S$$sù Æìsùötƒ ª!$# tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä öNä3ZÏB tûïÏ%©!$#ur (#qè?ré& zOù=Ïèø9$# ;M»y_u‘yŠ 4 ª!$#ur $yJÎ/ tbqè=yJ÷ès? ׎Î7yz

Sedoyo puji namung kagunganipun Allah SWT ingkang tansah paring rahmat, ingkang sampun paring pitedah kanthi Al Qur’an lan sampun ngutus kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sholawat sarto salam mugi katetepno dhumateng Kanjeng Nabi Muhamad Saw, ingkang sampun menyampaikan risalah, paring uswah hasanah mulai wonten ing babagan kehidupan pribadi dumugi tata aturaning kemasyarakatan.
Sampun dados kewajiban kita midherek dhawuhipun Allah soho Rosulipun, sarta nebihi punopo kemawon ingkang sampun dipun awisi. Pramilo monggo kito sami ngupados tambahan ngelmu kanthi tholabul ilmi, sarta anambahi kethoatan kito dhumateng Allah SWT.

Sidang Jum’ah rohimakumullah,
Nembe kemawon kito selaku tiyang sepuh ngayahi kewajiban madosaken sekolah dumateng poro lare. Saestu mboten sakedhik kabetahanipun wragat, anaming kados pundi kemawon tetep kito upayaaken kangge nyekapi kabetahanipun pendidikanipun lare.

Sidang jum’ah rohimakumullah,
Tholabul ‘ilmi utawi luru ngelmu puniko setunggalipun kuwajiban tumrap sedoyo tiyang Islam. Ngendikanipun kanjeng Nabi Muhammad Saw : “Tholabul ‘ilmi faridlotun ‘alaa kulli muslimin”
Wiwit zaman Nabi Saw tetiyang muslim puniko ummat ingkang remen kaliyan ilmu. Rumaket kelayan ilmu. Nabi Saw selaku panguwaos Madinatuurrosul nate mbebasaken tawanan perang Badar kanthi syarat ngjaraken baca tulis dhumateng 10 tiyang muslim. (Ing mongko tebusanipun watawis 1000 – 4000 dirham). Amirul mukminin Umar bin Khattab maringi gaji guru ingkang ngajar lare-lare ing Madinah 15 dinar (kirang langkung 63,75 gram emas).
Puniko nedahaeken bilih kabetahan pendidikan puniko setunggalipun kabetahan masyarakat ingkang kedah dipun fasilitasi saestu dening negari, kados dene kabetahan pokok rakyat sanesipun kados dene jaminan kesehatan, jaminan keamanan, ketersediaan pangan, sandang lan papan.

Sidang jum’ah rohimakumullah,
Pendidikan puniko anggadhahi kalih tujuan ingkang utami, inggih puniko:
- Sepindah kangge mbangun kapribaden muslim kanthi landesan Aqidah Islam lan pengetahuan agami (tsaqofah Islam)
- Ingkang kaping kalehipun kangge membekali siswa iptek sarto ketrampilan kangge nyekapi kabetahaning agesang
Pramilo wajar menawi ing zaman kejayaan Islam, mboten ngemungno kekuasaan lan pengaruhipun ingkang wiar kanthi prajuritipun ingkang kiat, ananging ugi sumbangan dhumateng perkembangan ilmu pengetahuan ingkang dumugi sepriki taksih dipun akeni ing dunia pengetahuan kados dene Ibnu Sina. Poro ilmuwanipun disamping ahli kedokteran,biologi, matematika, falak ananging sekaligus ugi ahli agami.
Dados pendidikan ingkang sae puniko badhe ngasilaken insan ingkang anggadhahi ilmu agami ingkang dipun laksanaaken kanthi tho’at sekaligus anggadhahi pengetahuan lan ketrampilan kangge kacekapaning kabetahan pribadi lan masyarakat.
Puncak hasilipun mujtahid (ingkang mampu menjawab permalahan2 enggal kanthi netepi syara’), mujahid (ingkang ngicalakeng penghalang dakwah), kholifah (ingkang tanggel jawab sedoyo pelaksanaan syara’).

Sidang jum’ah rohimakumullah,
Penyelenggaran pendidikan puniko ingkang baken kewajibanipun negari. Suwalikipun mendapatkan pendidikan puniko hakipun ummat. Kados dene hadits ingkang dipun riwayataken dening Imam Bukhari ngengingi tuntutanipun poro wanito supados Kanjeng Nabi paring wekdal khusus kangge mengajar poro wanito:
Aturipun Abi Sa’id al Khudri : ‘Kaum wanita matur dhumateng Kanjeng Nabi Saw: “Kito poro wanito dipun kalahaken dening tetiyang jaler wonten ing babagan pados ngelmu dhumateng sampean, pramilo kito suwun mboten ketang sedinten kangge sinau ilmu kaliyan panjenengan”. Lajeng Rosulullah SAW pring janji badhe paring nasehat lan piwucal ilmu wonten ing dinten ingkang sampun dipun sepakati’.
(Bukhari)

Sidang jum’ah rohimakumullah,
Allah SWT badhe maringi derajat ingkang inggil dhumateng tetiyang ingkang beriman lan berilmu. Surat Al Mujaadilah 58: 11

$pkš‰r'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#þqãZtB#uä #sŒÎ) Ÿ@ŠÏ% öNä3s9 (#qßs¡¡xÿs? †Îû ħÎ=»yfyJø9$# (#qßs¡øù$$sù Ëx¡øÿtƒ ª!$# öNä3s9 ( #sŒÎ)ur Ÿ@ŠÏ% (#râ“à±S$# (#râ“à±S$$sù Æìsùötƒ ª!$# tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä öNä3ZÏB tûïÏ%©!$#ur (#qè?ré& zOù=Ïèø9$# ;M»y_u‘yŠ 4 ª!$#ur $yJÎ/ tbqè=yJ÷ès? ׎Î7yz
Hai orang-orang beriman apabila kamu dikatakan kepadamu: "Berlapang-lapanglah dalam majlis", Maka lapangkanlah niscaya Allah akan memberi kelapangan untukmu. dan apabila dikatakan: "Berdirilah kamu", Maka berdirilah, niscaya Allah akan meninggikan orang-orang yang beriman di antaramu dan orang-orang yang diberi ilmu pengetahuan beberapa derajat. dan Allah Maha mengetahui apa yang kamu kerjakan.
(Al Mujaadilah 58: 11)
Pramilo monggodhumateng adik-adik dipun niati kanthi ikhlash anggenipun sinau, mekaten ugi dhumateng poro tiyang sepuh anggenipun paring wragat dhumateng poro putro.
Langkung-langkung dhumateng poro pendidik kedah langkung pinter-pinter anggenipun nggulowenthah poro siswo awit sakpuniko tansoyo awrat tantanganipun. Lan ingkang saestu penting pandangan-pandangan sekuleristik materialistik ingkang terselip wonten ing sebagian cabang ilmu pengetahuan puniko saged dipun singkiraken supados mboten mengotori keimanan lan meracuni pola pikir anak didik.
Dhumateng pemerintah kito aturaken bilih saestunipun kewajiban penyelenggaraan pendidikan puniko ingkang kedah paling bertanggung jawab pemerintah, punopo malih pendanaan, kurikulum lan fasilitas. Masyarakat lan lembaga pendidikan sifatipun mbiyantu kewajiban puniko.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Khutbah kedua:

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ


اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَ أَصْحَابِهِِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحسْاَنٍ اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَِلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ
وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْن آمَنُوْا
رَبَّنَا اِنَّكَّ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْم
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيـَّتِـنَا قُرَّةَ أَعْـيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا
رَبَّنَا وَ لاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا
رَبَّنَا وَ لاَ تُحَمِّلْنَا مَا لاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ
وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ
بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن

واَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

Tidak ada komentar: