Senin, 30 Juli 2007

Khutbah Boso Jawi: Al Qur'an Pedoman Gesang

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ
لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Qolallhohu Ta’ala fil Qur’anil adzim :
وَأَنْزَلْنَا إِلَيْكَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ الْكِتَابِ وَمُهَيْمِنًا عَلَيْهِ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَلاَ تَتَّبِعْ أَهْوَاءَهُمْ عَمَّا جَاءَكَ مِنَ الْحَقِّ
Jama’ah jum’at rohimakumulloh,
Kito sedoyo ingkang ngugemi agami Islam sampun mangertos bilih, agami Islam puniko lelandesanipun inggih puniko Aqidah Islam.
Menawi Aqidah Islam puniko sampun estu-estu manjing wonten ing penggalih kito; ateges kito sampun anggadahi keimanan ingkang kiyat, mboten wonten keraguan sakedik kemawon.
Kito iman bilih ingkang nyiptaaken manungso saha alam donya puniko estu namung Allah SWT piyambak, estu mboten wonten sanesipun mbiyantu nopo dene ngalangi.
Kito iman bilih Al Qur’an puniko estu wahyu sangking Allah SWT, ingkang dipun turunaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad saw. Estu mboten wonten satunggaling tetiyang ingkang saged andamel ‘setunggal ayat kemawon’ ingkang saged nandingi/sami kaliyan ayat Al Qur’an; senajan sedoyo tiyang saindenging bawono sami ambiyantu. Sebab Al Qur’an puniko estu wahyu Allah, kalamullah.
Mekaten ugi kito iman bilih Muhammad puniko estu Rosul utusan Allah ingkang pinaringan wahyu sangking Ngarsanipun Allah SWT. Muhammad saw puniko nabi ingkang pungkasan, ingkang mbekto ajaran pitedah kangge manungso ingkang berlaku dumugi ing akhir zaman.
Kanthi ajaranipun Kanjeng Nabi Muhammad saw, ingkang arupi Al Qur’an kaliyan As Sunnah puniko-lah, titah manungso badhe gesang bahagia wonten ing donya saha bahagia wonten akhiratipun. Tumurunipun wahyu puniko awit rohmatiPun Allah SWT dhumateng titahipun poro manungsa, sainggo saged mangertos tata caranipun ngibadah dhumateng Ngarsanipun Allah SWT, dados mangertos amal-amal ingkang utami, saged mbentenaken perkawis ingkang haq kaliyan perkawis ingkang bathil, mbentenaken barang ingkang halal kaliyan barang ingkang haram.
Firman Allah SWT wonten ing Al Qur’an Surat Al Anbiya’ ayat 107 :
ruBt$! &r‘ö™y=ùYo»š )Îwž ‘yqôHtpZ 9jÏ=ùèy»=nJÏüúš
Dan tiadalah kami mengutus kamu, melainkan untuk (menjadi) rahmat bagi semesta alam. (TQS Al Anbiya’ : 107)
ƒt»¯'r‰škp$ #$9Z¨$¨â %s‰ô _y$!äu?ø3äN B¨qöãÏàsp× BiÏ` ‘§/nÎ6àNö ru©Ïÿx$!äÖ 9jÏJy$ ûÎ’ #$9Á‰ßr‘Í rudè‰Y“ ru‘uq÷Hup× 9jÏ=ùJßs÷BÏYÏüût
Hai manusia, Sesungguhnya Telah datang kepadamu pelajaran dari Tuhanmu dan penyembuh bagi penyakit-penyakit (yang berada) dalam dada dan petunjuk serta rahmat bagi orang-orang yang beriman. (TQS Yunus : 57)
Ananging menawi manungso wantun mbedhal sangking aturanipun Allah saha Rosulipun, nyempal sangking Al Qur’an lan As Sunnah - na’udzubillah min dzalik, ingkang badhe katampi ‘kacintrakan/kesempitan hidup’ wonten ing donya, lan ‘kacintrakan/kebutaan wonten ing akhirat’
Firman Allah Swt wonten ing Al Qur’an Surat Thaha ayat 24 :
]وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَى[
Barangsiapa berpaling dari peringatan-Ku, maka baginya penghidupan yang sempit dan Kami akan menghimpunkannya pada hari kiamat dalam keadaan buta (TQS. Thahaa[20]: 124)
Pramilo monggo kito sami-sami berusaha ingkang saestu-estu kangge ngugemi ajaran ingkang leres puniko, ajaran ingkang badhe nylametaken kito sangking sikso neroko. Ajaran ingkang dados pepadhang wonten ing donya saha dados margi kebahagiaan wonten ing akhirat.
Firman Allah SWT wonten ing Al Qur’an Surat Ali ‘Imron ayat 103 :
. وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا
“Dan berpeganglah kamu semuanya kepada tali (agama) Allah, dan janganlah kamu bercerai berai,." (QS. Ali Imran 103)
Allah SWT sampun maringi pitedah kangge ngadepi perkawis menopo kemawon, Al Qur’an lan As Sunnah. Temtu kanthi lantaran ilmunipun poro ulama mujtahid ahli tafsir.
Firman Allah SWT wonten ing Al Qur’an surat An Nisa’ : 59
فَإِنْ تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللَّهِ وَالرَّسُولِ
"Kemudian jika kamu berlainan pendapat tentang sesuatu, maka kembalikanlah ia kepada Allah (Al Qur'an) dan Rasul (sunnahnya),.. (QS. An Nisa 59).







---------------------------------------------------------------------------------------
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
- - - - - - - - - - - - - - - -
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَ أَصْحَابِهِ
ِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحسْاَنٍ اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَِلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ
وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْن آمَنُوْا
رَبَّنَا اِنَّكَّ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْم
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيـَّتِـنَا قُرَّةَ أَعْـيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا
رَبَّنَا وَ لاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا
رَبَّنَا وَ لاَ تُحَمِّلْنَا مَا لاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ
وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ
بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن

واَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

Tidak ada komentar: